Gaweyane mung buruh tani, kanthi gaji ngisor standar UMK. Uripe
kepara mung pas-pasan. Paribasane mung cukup kanggo mangan, lawuh tahu
tempe. Omah tinggalane wong tuwane katon banget prasaja, prasasat wis
matahun-tahun ora kambon cet.
Minangka kulawarga Gakin, ing satengahing urip bebrayan ing kampung
ndesa, Lik Gino asring ora dianggep dening tangga teparo. Biyasa ta, ing
jaman sing sarwa materialistis iki, pangurmatan mung kanggo wong sing
nduweni pangkat lan banda donya.
Nanging kahanan asor kuwi sirna nalikane anak-anak Lik Gino kasil
ngrengkuh dadi bintang pelajar. Anak wedok cacah loro kasil ngangkat
drajad lan martabate wong tuwane sing tansah urip kecingkrangan.
Pranyata anak wedok bisa gawe bombong ati bapa lan biyunge. Isih
kelingan 10 tahun kepungkur Lik Gino getun ora duwe anak lanang. “Sing
bisa ngangkat drajad kuwi mung anak lanang,” guneme Lik Gino nalika
sakmana. Nanging panemu kuwi malik grembyang nalikane anake wedok kasil
gawe endah aruming wibawa kulawarga.
Wiwit kelas papat SD anak-anak Lik Gino kasil oleh beasiswa prestasi.
Dasare ngana si Surti lan Sarti pinter, tekun, lan sengkut sinau. Mula
ora gumung, anak wedok cacah loro kuwi bisa sekolah ing SMP lan SMA
favorit kanthi ragat beasiswa negara.
Nalikane anak-anake lulus SMA, Lik Gino mung pasrah jalaran ora duwe
ragat kanggo kuliah. Nanging sepisan maneh, kalorone bisa kuliah ing
pawiyatan luhur favorit, kanthi jalur prestasi akademik. Anak wedok
loro, dasare pinter lan ndilalah kok ya rupane ayu.
Mula Lik Gino duwe angen-angen dhuwur ing tembe mburine, uripe bakal
luwih kepenak. Drajate bakal mumbul dhuwur. Saben bengi tanpa kendhat
Lik Gino tansah ndedonga marang Gusti sing akarya jagat.
Bener wae, ora nganggo suwe kalorone bisa ngrampungake kuliah kanti
IP dhuwur, cumlaude. Ora gumung yen Surti lan Sarti bisa enggal cekel
gawe ing perusahaan kawentar ing Jakarta. Kalorone uga tansah gemati
marang bapa biyunge ing ndesa.
Mula saiki omahe Lik Gino katon magrong-magrong komplit sak
isen-isene. Uripe Lik Gino malik grembyang. Nanging sing mrihatinake,
pranyata sifat-sifate Lik Gino uga malik grembyang. Sing ndisike tansah
andhap asor, nduweni solah bawa becik, lan kebak sih katresnan marang
tangga lan kanca, saiki dadi nyangklak lan gampang ngasorake liyan.
“Las, kowe kari omong pirang yuja? Omahmu dak tuku!” ujare Lik Gino
sajak ora ngregani Lasno, tangane nunggal pager. Mesthi wae Lasno
kelara-lara, ing jero atine mung bisa nyebut supaya enggal sadar lan
ngrumangsani asal-usule.
“Kok ora ngelingi dek isih susah mbiyen. Mangan wae direwangi nempur
tanggane. Lha kok saiki nyangklak karo liyan,” ujare Lasno ing sajroning
ati. Ora mung karo Lasno, nanging karo tangga liyane uga mangkono. Ora
ana maneh subasita basa lan sifat asih marang tangga.
Sanadyan urip lan drajate wis kepenak, nanging ana siji sing durung
paripurna. Lik Gino durung bisa mantu. Durung bisa ngomah-omahke Surti
lan Sarti. Piye arep mantu, wong Surti lan Sarti kuwi durung duwe calon
bojo.
Sakjane ngana ora sithik sing pengin nglamar Surti utawa Sarti. Wong
kalorone ayu-ayu. Putrane Pak Lurah, juragan mbako kawentar, lan welasan
wong bagus kanthi gaweyan mapan pengin nglamar Surti utawa Sarti.
Nanging kalorone tansah nulak cara alus.
“Mboten Pak, kula rumaos dereng sreg. Mangke yen sampun wancine, rak
nggih kecepeng jodhone,” wangsulane Surti lan Sarti. Nanging kanggone
Lik Gino, wangsulan kuwi nglaraake ati. Piye ora lara, wong umure
kalorone saiki wis lumaku luwih saka 35 tahun.
Makaping-kaping cara wis ditindakake Lik Gino. Wong tuwa saka tlatah
ngendi wae wis ditekani Lik Gino supaya Surti lan Sarti enggal entheng
jodo. Sing paling keri njaluk tulung marang wong tuwa sing lenggah ing
tlatah ereng-renging gunung.
“Pun sabar mawon. Sekedap malih, sampeyan saget mantu. Anak sampeyan
pun angsal jodhone,” ngono ujare wong tuwa saka ereng gunung kuwi. Ning
apa pancen merga sekti, apa mung merga begja, ora let suwe ndilalahe kok
ya Surti lan Sarti telpon bapakne.
“Pak Minnggu ngarep aku lan Sarti arep bali ndesa, sisan aku arep
ngenalke calon bojoku lan calone Sarti,” kandhane Surti kebak wigati.
Krungu kabar mangkono, mesthi wae Lik Gino mbungahi. “Ya nduk, aku
seneng banget nek ngene iki,” wangsule Lik Gino. Lik Gino rumangsa
bombong lan lega, dene pangarep-arepe duwe gawe arep kelakon.
Ing pikirane, tiba titi wancine arep nggelar mantu gedhen-gedhenan,
nanggap wayang kanthi dhalang kondang. Sanadyan mung tilas buruh tani,
ning anake rak direktur perusahaan kawentar. Tahun iki mantu Surti, dene
tahun candhake Sarti.
Seminggu sakdurunge wanci sing wis sarujuki, Lik Gino katon iwut nata
lan ngresike omah. Tukang batu cacah papat sajak sengkut anggone ngecet
lan ngganti keramik teras. Pungkasane omah katon luwih sumeblak
pandhang lan penak disawang. “Wong arep ditamoni calon mantu kok,” ngana
grenengane Lik Gino.
Ing pawon, bojone Lik Gino, Lik Parmi lan tangga kiwa tengene ora
kalah sengkut angggone gawe panganan. Ana jenang, jadah, cucur, apem lan
rengginang. “Panganan iki neng Jakarta ora ana. Mula dak suguhke neng
kene,” ujare Lik Parmi.
Pas dinane, wiwit esuk Lik Gino wis sumadya. Mengko awan calon
mantune arep teka. Nurut critane Surti, wong papat numpak montor mabur
budhal saka Jakarta jam 06.00 esuk. Mula awan mengko mesthi wis tekan
ngomah. Omah wis resik. Kabeh panganan enak wis cumawis.
Tengah awan ana mobil alus mlebu plataran omah. Lik Gino selak ora
sranta pengin nyawang calon mantune. “Mantuku mesthi nggantheng kaya
pangeran keraton, wong anakku ayu,” ujare sajroning ati. Lawang mobil
enggal kabukak.
Surti lan Sarti metu saka njero mobil. Kancane wedok cacah loro
nyusul metu. Lik Gino rada mlenggong. “Lho lha endi calon mantuku sing
nggantheng,” batine ing njero ati. “Oh mbok menawa wae digawe surprise, tekane mbokmenawa isih mengko,” bacute.
Surti, Sarti lan kancane wedok enggal mlebu ngomah. Lik Gino nuli
takon. “Lho nduk, jare arep ngenalke calonmu. Lha endi calonmu?”
pitakone Lik Gino lugu. Surti enggal nggandheng salah sijine wong wedok
ayu kuwi.
“Iki lho Pak calonku. Iki calon bojoku,” ujare Surti. Ora let sedhela
Sarti uga ngenalke calon bojone sing uga wong wedok ayu sijine. Lik
Gino kaget saknalika weruh kahanan kuwi. “Dadi? Dadi kowe…?” Lik Gino
ora bisa mbacutake tembung. Panyawange semrepet. Donya dadi peteng
dhedhet. Awake nuli nggeblak ing jubin.