Emak pengin tindak kaji. Nanging ora duwe ragad. Kamangka Emak wis sepuh
banget. Saiki yuswane wis 75 taun. Malah kabeh kanca-kanca sakpantarane
wis padha suwargi. Ing kampung, Emak uga dadi warga sing paling sepuh
dhewe.
Nalika lagi kumpul karo anak-anake kabeh ing jogan karo nyawang pawarta babagan kaji ing tv, dumadaan Emak mbrebes mili.
Pawarta tv kuwi mbeberake kanyatan saiki: saya akeh wong pengin kaji maneh saengga malah ana sing bolak balik kaji, malah uga ana sing wis kaji kaping wolu isih pengin kaji maneh murih bisa wafat ing Makkah utawa ing Madinah. Akibate, sing lagi arep kaji kaping pisan saya akeh sing kapeksa ngenteni mataun-taun. Malah akeh sing ora sida kaji senajan wis daftar jalaran kedhisikan pati.
Pawarta tv kuwi uga mbeberake yen akeh wong tani padha adol sawah kanggo ragad kaji, jalaran ora dhuwe bandha liyane sing pantes didol. Yen ora wani adol sawah ya ora bakal bisa kaji, kamangka kaji kuwi kukume wajib kanggone wong Islam sing wis kelar nyawisake sangune lan awake tur bathine uga padha waras. Mangka sapa wae sing mung duweni sawah banjur dianggep pantes yen adol sawahe kanggo sangu kaji.
“Saupama aku melu daftar kaji, kudune mataun-taun sing ngenteni, jalaran sing arep kaji saya akeh.” Emak ngresula karo ngucek-ucek mripate.
Minangka putra mbarepe Emak, atiku nelangsa banget jalaran ora kelar nyawisake wragad kanggo tindak kaji. Aku saben dina mung ngarap sawah warisane bapak sing ambane mung rong kedhokan nyambi ingon-ingon sapi lan wedhus. Kabeh sing bisa dipanen saka sawah kuwi mung cukup dipangan saben dina, ora bisa dicelengi. Malah yen gagal panen, aku kapeksa ngiris sapi utawa wedhus supaya ibune bocah-bocah tetep bisa nempur lan blanja saben dina.
Semono uga adhi-adhiku, uripe uga padha rekasa jalaran pancen sekolahe ora nutug, mung lulusan SMP, banjur padha dadi buruh pabrik sing upahe mung cukup kanggo mangan saben dinane. Adhiku-adhiku uga nyambi ingon-ingon wedhus lan sapi kanggo mbayar rekening listrik lan biyaya sekolahe bocah-bocah.
Nalika bapak isih sugeng tau pesen yen sawah kuwi aja didol supaya bisa dadi sumber panguripane kaluwarga turun temurun. Pesene bapak minangka wasiyat sing kudune diugemi dening anak turune kabeh. Mula saka kuwi aku lan adhi-adhiku ora bakal adol sawah. Malah bapak nalika isih sugeng uga tau ngendikan yen sawah kuwi minangka warisane eyang kakung sing persasat dadi pusakane kaluwarga. “Pokoke sawah kuwi aja didol, senajan kepriye kahanan sing bakal dumadi.” Ngono pituture bapak biyen.
Sawijine wektu aku lan adhi-adhiku tau sarujuk yen sawah kuwi ben didol Emak kanggo ragad kaji, nanging Emak uga emoh adol sawah kuwi. Malah Emak banjur pesen yen sawah kuwi aja didol senajan mbesuk Emak wis suwargi.
“Saupama kowe kabeh wis ora gelem nggarap sawah maneh, sawah kuwi tetep aja didol,” pesene Emak.
***
Jalaran yen kepengin kaji kudu ngenteni mataun-taun, kamangka yuswane Emak wis sepuh banget lan wragade kaji uga akeh banget, Emak banjur kepengin umroh wae. Nanging Emak uga ora duwe ragad kanggo sangu umroh. Mula Emak banjur ora gelem tetirah kaya umume wong-wong sing wis sepuh banget.
Saben dina Emak dodolan kacang garing sing wis diplastiki ing ngarep omah. Bojoku sing dikon kulakan kacang garing ing pasar.
Emak uga kepengin dadi tukang pijet, jalaran nalika isih prawan pancen tau sinau mijeti marang Mbah Wasis sing saiki wis suwargi. Nalika isih sugeng, Mbah Wasis pancen misuwur dadi tukang pijet. Langganane akeh. Malah biyen kuwi Pak Bupati uga kerep njaluk pijet marang Mbah Wasis.
“Coba gaweya papan tukang pijet, banjur pasang ing ngarepan omah kuwi, Le. Sapa ngreti bakal akeh sing kepengin njaluk pijet marang aku,” Emak ngakon aku gawe papan sing umume dipasang ing ngarepan omahe tukang-tukang pijet sing wis misuwur kuwi.
Sawise papan kuwi kapasang ing ngarepan omah, jebule saben dina ana wong mara njaluk pijet marang Emak. Lebar dipijet Emak, wong-wong kuwi banjur padha menehi dhuwit sepuluh ewu utawa rong puluh ewu, malah ana uga sing menehi seket ewu rupiah.
Emak emoh ngregani pijete. Sak monosukane wong sing lebar dipijet yen arep menehi dhuwit. Embuh arep menehi dhuwit pira, bakal ditampa, Emak ora bakal ngayang. Malah saupama yen ana wong sing lebar dipijet ora menehi dhuwit, Emak uga ora bakal njaluk utawa nggremeng.
“Ing ngalam donya iki pancen becike tulung tinulung, murih barokah kanggo urip lan ngibadah,” ngono ujare Emak.
Kabeh dhuwit saka wong-wong sing dipijet banjur dicelengi. Aku sing dikon supaya dhuwit saka wong-wong kuwi dicelengi ing bank. Sapa ngreti bakal akeh cacahe lan cukup kanggo ragad lan sangune umroh. Dadine saben dina Senin aku ngonthel sepedha menyang bank nggawa dhuwit sing arep dicelengi.
Genep setaun Emak dadi tukang pijet, celengan banjur dakjupuk. Cacahe dhuwit sing dicelengi ing bank kuwi wis cukup kanggo sangu lan tuku 2 tiket umroh. Aku bakal dijak Emak umroh. Taun ngarep Emak kepengin nyelengi maneh supaya bisa kanggo umroh maneh karo adhi-adhiku.
Nalika aku lan Emak daftar umroh ana ing kantor biro umroh, jebule ngepasi ana undian: sapa sing menang undian kuwi bakal ditambahi 2 tiket umroh. Emak bener-bener bejo, jalaran menang undian kuwi. Mula adhi-adhiku bakal bisa melu umroh bareng-bareng karo Emak lan aku.
***
Nalika lebar umroh, ngepasi ziarah ing makame Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Emak sajak sayah. Sakojur awake lemes. Pasuryane uga katon pucet.
Aku lan adhi-adhiku ngempet rasa kuwatir. Aku lan adhi-adhiku banjur padha mbrebes mili nyawang Emak.
“Aja padha kuwatir. Emak pancen kepengin umroh jalaran yen kepengin kaji kudune ngenteni suwi, kamangka umure Emak wis tuwa banget. Saiki Emak wis marem jalaran wis lebar umroh karo kowe kabeh. Padha donga didonga wae muga-muga Emak lan kowe kabeh bakal bisa ketemu lan kumpul maneh ana ing ngalam akherat, sajroning suwargane Gusti Allah,” ngono pituture Emak karo mesem.
Aku lan adhi-adhiku ora bisa ngempet tangis maneh, jalaran ambegane Emak katon mandheg, Nanging kabeh padha lega lan lila tur marem, jalaran nalika ambegane meh mandheg Emak tetep mesem karo maca sahadat loro, istigfar, tasbih lan shalawat.
Lebar makamake Emak ing makam sing wis dicawisake kanggo jamaah umroh lan jamaah kaji sing wafat ing Madinah kuwi, aku lan adhi-adhiku banjur ngaso teturon ana ing hotel, ngenteni jadwal bali menyang Indonesia.
Sajrone teturon aku keprungu suwarane Emak sing lagi ngendikan mengkene: “Saiki Emak wis tekan suwargane Gusti Allah.”
Aku njenggirat, arep tangi, nanging sakojur awakku lemes kabeh. Aku uga arep ngomong karo adhi-adhiku, nanging lambe lan ilatku sajak kaku. Ambeganku uga saya seseg. Aku banjur bengok-bengok tanpa suwara:
“Emak…! Kula ndherek…! Entosi…!