SALAM HANGAT »TheKiFOT« “Kesuksesan ataupun kegagalan masa depan Anda tergantung dari keputusan Anda saat ini, Di mana ada kemauan dan keberanian untuk memutuskan, di situlah kesuksesan menanti Anda. Tapi yakinlah bahwa tidak ada kata terlambat untuk memulainya”.

ASAL USULING SUKOHARJO


Kala rumiyin asal-usuling kutha Sukoharjo wonten gegayutanipun kaliyan pindhahipun kraton Kartosura dhateng desa Sala, amargi geger pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri Susuhunan Pakubuwono II. Pindhahipun menika saking pramayogi saking para sesepuh, Amargi kraton dipun anggep sampun kecampuran pemberontak.
     Sesampunipun Nampi pamrayogi utawi pitutur saking sesepuh kraton, Sri Susuhunan ngawontenaken perembugan Kyai Yosodipura, Kyai Tohjoyo, saha pangeran Wijil. Kyai Tohjoyo paring pitedah menawi tlatah utawi  wewengkon benjang ingkang kangge kraton benjang saget ndugekaken karaharjan (Sukoraharjo). Kyai Yosodipura sarujuk saha paring iguh pratikel bilih tlatahipun mbenjangipun tlatah  ingkang mambet wangi (Talawangi).
     Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring prentah dhumateng Pangeran Wijil pados panggenan kraton ingkang enggal. Pangeran Wijil nglampahi jejibahan damel kelompok. Kelompok sepisan dipunpandhegani Suranata, Kyai Khalifah Buyut saha Mas Penghulu Pekik Ibrahim. Kelompok dipunpandhegani dening RadenTumenggung Honggowongso saha Tumenggung Tirwiguna.
     Nuju satunggaling dinten, sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, kelompok kalih nemokaken panggenan ingkang dipunanggep cocok dipunedegaken kraton enggal. Sanesipun nemtokaken panggenan kraton, kalih Senapati kasebut ugi nyiapaken sedaya ubarampe kangge ngedekaken kraton, kadosta papan kangge bacira ngayun (alun-alun ngajeng), bacira pungkuran (alun-alun wingking), papan damel senjata (pande), papan kangge damel wrangka keris (Mranggen), papan para istri raja, saha papan kangge kandhang gajah kangge titihan raja.
     Sesampunipun sedaya rampung, piyambakipun nglapuraken asilipun. Sri Susuhunan nyuwun iguh pratikel para sesepuh ingkang kanyata ugi njurung asil kasebut. Namung miturut Kyai Yosodipura tlatah kasebut babagan keamanan boten cocok kabangun kraton, amargi tlatah menika caket kaliyan markasipun Pangeran Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing wekdal  menika nembe boten sreg utawi boten cocog utawi pasedherekanipun nembe congkrah kaliyan Sri Susuhunan.
     Lajeng, Sri Susuhunan Pakubuwono II mrentahaken pados Tlatah sanesipun, mrentahaken pados tlatah sanesipun, sinaosa tlatah ingkang dipunpitados Tumenggung Honggowongso dados tlatah sukoraharjo mboten siyos dipunbangun kraton, lajeng hasil panaliten kaserat dados asal-usuling name kitha Sukoharjo, lajeng tlatah kala rumiyin ingkang badhe kangge panggenan wantilan (kandhang) gajah samenika dados desa Begajah.Panggenan  ingkang kangge damel sanjata (pande) dados desa pandean. Panggenan kangge damel wrangka keris (mranggen) dados desa Mranggen. Tlatah kangge para istri (selir) raja dados desa Seliran. Panggenan wiyar bacira pungkuran samenika dados alun-alun Satyanegara, lajeng tlatah ingkang kangge bacira ngayun samena kangge kantor Kodim 9726 Sukoharjo saha mesjid kotaa.



Artikel Terkait:



SEMOGA BERMANFAAT, SALAM THEKIFOT
TERIMAKASIH SOBAT SUDAH MAU MAMPIR KE BLOG TheKiFOT, Silahkan Jika Ada Artikel Yang Bagus di Blog Ini Saya Izinkan Untuk "Mengcopy,Paste" Dengan Syarat Sertakan Seumbernya Yang Lengkap., Hormat Saya »TheKiFOT« Pemilik Tunggal Blog Ini.Terimakasih.
oncopy="return false;"