SALAM HANGAT »TheKiFOT« “Kesuksesan ataupun kegagalan masa depan Anda tergantung dari keputusan Anda saat ini, Di mana ada kemauan dan keberanian untuk memutuskan, di situlah kesuksesan menanti Anda. Tapi yakinlah bahwa tidak ada kata terlambat untuk memulainya”.

BAHASA JAWA | Anak Wedok

Gaweyane mung buruh tani, kanthi gaji ngisor standar UMK. Uripe kepara mung pas-pasan. Paribasane mung cukup kanggo mangan, lawuh tahu tempe. Omah tinggalane wong tuwane katon banget prasaja, prasasat wis matahun-tahun ora kambon cet.
Minangka kulawarga Gakin, ing satengahing urip bebrayan ing kampung ndesa, Lik Gino asring ora dianggep dening tangga teparo. Biyasa ta, ing jaman sing sarwa materialistis iki, pangurmatan mung kanggo wong sing nduweni pangkat lan banda donya.
Nanging kahanan asor kuwi sirna nalikane anak-anak Lik Gino kasil ngrengkuh dadi bintang pelajar. Anak wedok cacah loro kasil ngangkat drajad lan martabate wong tuwane sing tansah urip kecingkrangan.
Pranyata anak wedok bisa gawe bombong ati bapa lan biyunge. Isih kelingan 10 tahun kepungkur Lik Gino getun ora duwe anak lanang. “Sing bisa ngangkat drajad kuwi mung anak lanang,” guneme Lik Gino nalika sakmana. Nanging panemu kuwi malik grembyang nalikane anake wedok kasil gawe endah aruming wibawa kulawarga.
Wiwit kelas papat SD anak-anak Lik Gino kasil oleh beasiswa prestasi. Dasare ngana si Surti lan Sarti pinter, tekun, lan sengkut sinau. Mula ora gumung, anak wedok cacah loro kuwi bisa sekolah ing SMP lan SMA favorit kanthi ragat beasiswa negara.
Nalikane anak-anake lulus SMA, Lik Gino mung pasrah jalaran ora duwe ragat kanggo kuliah. Nanging sepisan maneh, kalorone bisa kuliah ing pawiyatan luhur favorit, kanthi jalur prestasi akademik. Anak wedok loro, dasare pinter lan ndilalah kok ya rupane ayu.
Mula Lik Gino duwe angen-angen dhuwur ing tembe mburine, uripe bakal luwih kepenak. Drajate bakal mumbul dhuwur. Saben bengi tanpa kendhat Lik Gino tansah ndedonga marang Gusti sing akarya jagat.
Bener wae, ora nganggo suwe kalorone bisa ngrampungake kuliah kanti IP dhuwur, cumlaude. Ora gumung yen Surti lan Sarti bisa enggal cekel gawe ing perusahaan kawentar ing Jakarta. Kalorone uga tansah gemati marang bapa biyunge ing ndesa.
Mula saiki omahe Lik Gino katon magrong-magrong komplit sak isen-isene. Uripe Lik Gino malik grembyang. Nanging sing mrihatinake, pranyata sifat-sifate Lik Gino uga malik grembyang. Sing ndisike tansah andhap asor, nduweni solah bawa becik, lan kebak sih katresnan marang tangga lan kanca, saiki dadi nyangklak lan gampang ngasorake liyan.
“Las, kowe kari omong pirang yuja? Omahmu dak tuku!” ujare Lik Gino sajak ora ngregani Lasno, tangane nunggal pager. Mesthi wae Lasno kelara-lara, ing jero atine mung bisa nyebut supaya enggal sadar lan ngrumangsani asal-usule.
“Kok ora ngelingi dek isih susah mbiyen. Mangan wae direwangi nempur tanggane. Lha kok saiki nyangklak karo liyan,” ujare Lasno ing sajroning ati. Ora mung karo Lasno, nanging karo tangga liyane uga mangkono. Ora ana maneh subasita basa lan sifat asih marang tangga.
Sanadyan urip lan drajate wis kepenak, nanging ana siji sing durung paripurna. Lik Gino durung bisa mantu. Durung bisa ngomah-omahke Surti lan Sarti. Piye arep mantu, wong Surti lan Sarti kuwi durung duwe calon bojo.
Sakjane ngana ora sithik sing pengin nglamar Surti utawa Sarti. Wong kalorone ayu-ayu. Putrane Pak Lurah, juragan mbako kawentar, lan welasan wong bagus kanthi gaweyan mapan pengin nglamar Surti utawa Sarti. Nanging kalorone tansah nulak cara alus.
“Mboten Pak, kula rumaos dereng sreg. Mangke yen sampun wancine, rak nggih kecepeng jodhone,” wangsulane Surti lan Sarti. Nanging kanggone Lik Gino, wangsulan kuwi nglaraake ati. Piye ora lara, wong umure kalorone saiki wis lumaku luwih saka 35 tahun.
Makaping-kaping cara wis ditindakake Lik Gino. Wong tuwa saka tlatah ngendi wae wis ditekani Lik Gino supaya Surti lan Sarti enggal entheng jodo. Sing paling keri njaluk tulung marang wong tuwa sing lenggah ing tlatah ereng-renging gunung.
“Pun sabar mawon. Sekedap malih, sampeyan saget mantu. Anak sampeyan pun angsal jodhone,” ngono ujare wong tuwa saka ereng gunung kuwi. Ning apa pancen merga sekti, apa mung merga begja, ora let suwe ndilalahe kok ya Surti lan Sarti telpon bapakne.
“Pak Minnggu ngarep aku lan Sarti arep bali ndesa, sisan aku arep ngenalke calon bojoku lan calone Sarti,” kandhane Surti kebak wigati. Krungu kabar mangkono, mesthi wae Lik Gino mbungahi. “Ya nduk, aku seneng banget nek ngene iki,” wangsule Lik Gino. Lik Gino rumangsa bombong lan lega, dene pangarep-arepe duwe gawe arep kelakon.
Ing pikirane, tiba titi wancine arep nggelar mantu gedhen-gedhenan, nanggap wayang kanthi dhalang kondang. Sanadyan mung tilas buruh tani, ning anake rak direktur perusahaan kawentar. Tahun iki mantu Surti, dene tahun candhake Sarti.
Seminggu sakdurunge wanci sing wis sarujuki, Lik Gino katon iwut nata lan ngresike omah. Tukang batu cacah papat sajak sengkut anggone ngecet lan ngganti keramik teras. Pungkasane omah katon luwih sumeblak pandhang lan penak disawang. “Wong arep ditamoni calon mantu kok,” ngana grenengane Lik Gino.
Ing pawon, bojone Lik Gino, Lik Parmi lan tangga kiwa tengene ora kalah sengkut angggone gawe panganan. Ana jenang, jadah, cucur, apem lan rengginang. “Panganan iki neng Jakarta ora ana. Mula dak suguhke neng kene,” ujare Lik Parmi.
Pas dinane, wiwit esuk Lik Gino wis sumadya. Mengko awan calon mantune arep teka. Nurut critane Surti, wong papat numpak montor mabur budhal saka Jakarta jam 06.00 esuk. Mula awan mengko mesthi wis tekan ngomah. Omah wis resik. Kabeh panganan enak wis cumawis.
Tengah awan ana mobil alus mlebu plataran omah. Lik Gino selak ora sranta pengin nyawang calon mantune. “Mantuku mesthi nggantheng kaya pangeran keraton, wong anakku ayu,” ujare sajroning ati. Lawang mobil enggal kabukak.
Surti lan Sarti metu saka njero mobil. Kancane wedok cacah loro nyusul metu. Lik Gino rada mlenggong. “Lho lha endi calon mantuku sing nggantheng,” batine ing njero ati. “Oh mbok menawa wae digawe surprise, tekane mbokmenawa isih mengko,” bacute.
Surti, Sarti lan kancane wedok enggal mlebu ngomah. Lik Gino nuli takon. “Lho nduk, jare arep ngenalke calonmu. Lha endi calonmu?” pitakone Lik Gino lugu. Surti enggal nggandheng salah sijine wong wedok ayu kuwi.
“Iki lho Pak calonku. Iki calon bojoku,” ujare Surti. Ora let sedhela Sarti uga ngenalke calon bojone sing uga wong wedok ayu sijine. Lik Gino kaget saknalika weruh kahanan kuwi. “Dadi? Dadi kowe…?” Lik Gino ora bisa mbacutake tembung. Panyawange semrepet. Donya dadi peteng dhedhet. Awake nuli nggeblak ing jubin.


Artikel Terkait:



SEMOGA BERMANFAAT, SALAM THEKIFOT
TERIMAKASIH SOBAT SUDAH MAU MAMPIR KE BLOG TheKiFOT, Silahkan Jika Ada Artikel Yang Bagus di Blog Ini Saya Izinkan Untuk "Mengcopy,Paste" Dengan Syarat Sertakan Seumbernya Yang Lengkap., Hormat Saya »TheKiFOT« Pemilik Tunggal Blog Ini.Terimakasih.
oncopy="return false;"